Anakku


08 Dec @Kolom

Berawal dari beberapa rekan yang menuliskan cerkak ( cerita cekak ) menggunakan Bahasa Jawa, membuatku tergelitik. Aku pun mencoba untuk belajar menulis puisi atau gurit. Tanpa bermaksud membuat bingung dan pusing sembilan keliling Bunda Vivi atau para gurusianer yang lain. Inilah kekayaan budaya kita, keberagaman Indonesia yang harus kita lestarikan. Jangan sampai kita kecolongan, apa yang menjadi kekayaan daerah kita menjadi milik negara lain. Semoga tulisan ini tidak memperenggang jarak antara kita. Sesuai dengan semboyan negara kita Bhineka Tunggal Ika, berbeda-beda tetapi tetap satu jua.

@Anakku

Ngger anakku

Kaya lagi dhek wingi

Awakmu tak gendhong

Tak lela lela ledhung

Kaya lagi dhek wingi

Awakmu nyuwun kembang api

Disulet nek wengi

Katon bungah jroning ati

Ngger anakku

Saiki awakmu wes gedhe

Katon gagah lan wes dhewasa

Ngangsu kawruh neng negara

Ninggalku wong tuwa lan keluarga

Ngger anakku

Kabarmu tansah tak antu

Kanggo tamba kangen ing atiku

Senajan sawetara ora bisa ketemu

Gurit iki dadi sulihmu

Ngger anakku

Kabarmu tansah tak antu

Ngobong karepku

Supaya jejeg anggonmu mlaku

Ora gampang ngreridhu

Ngadhepi dina kanthi bungah

Ora lali mring ngibadah

Muga Gusti paring ngijabah

Marang apa sing mbok angkah

Ngger anakku

Tak jaluk awakmu aja lali

Marang niat kang suci

Apamenah marang Sang Hyang Widi

Tansah tuhu ngabekti

No comments: